Jumat, 10 Agustus 2012

Ngehumor yuqq.. :))

Zodiak jowo :
-
1. Pirgo - 
Pengggawean sing cocok: dagang jengkol. Keuangan: dedel duel. Asmara: golek sing rodo waras.

2. Akuwarius - 
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedhek. Keuangan: nyilah-nyilih wae. Asmara: Sedhelo meneh jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. Piskes -
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg ning protelon. Keuangan: Ledeh kabeh,kakehan petingsing. Asmara: ditolak meneh.

4. Ariyes -
Penggawean sing cocok: ngedusi wedhus. Keuangan: kakehan utang, gaji kepotong terus. Asmara: benakno disik raimu.

5. Tawurus -
Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus karo dagang kersen. Keuangan: kapusan konco dewe. Kudu diruwat. Asmara: ga payu payu, ganti pelet-e.

6. Gemini -
Penggawean sing cocok: Nyuloh welut, bekicot. Keuangan: kurangajar, ngedoli warisan mertuwo. Asmara: ra jelas...pacare kono-kene, mbuh sing endi.

7. Kanser -
Penggawean sing cocok: Macul, matun. Keuangan: sekarat, nyedhaki bangkrut. Asmara: ra ono sing gelem, modal tipis.

8. Leyo -
Penggawean sing cocok: nyebleki tukang jamu. Keuangan: ribet tenan, ra gablek tenan. Asmara: ati2 kepelet, karo dukun.

9. Libra -
Penggawean sing cocok: ngorek-ngorek sampah yen ora Tukang beling. Keuangan: ra becus golek duit. Asmara: malem minggu mengko pacarmu nyidam oblok-oblok petei.

10. Sekorpio -
Penggawean sing cocok: Mbenakno genthenge tanggamu. Keuangan: podo karo wingi bokek, Asmara: duwe pacar penyakitan

11. Sagitariyus -
Penggawean sing cocok: Ngresiki kolam, yen ono wektu nyopeto ning pasar. Keuangan: bojomu ngadat njaluk tambahan duit dapur. Asmara: ditempilingi wae karo bojomu,jal takon ro dukun!

12. Kaprikorn -
Penggawean sing cocok: Dagang kerupuk Keuangan: Nguwatirake, waspada debt kolektor! Asmara: hambar, pacarmu njaluk berlian, ajur juuuuurr..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar